Contoh Naskah Pidato Sambutan Bahasa Jawa Atau Atur Pambagyaharja Resepsi Pernikahan

Atur Pambagyaharja atau dalam bahasa nasional yaitu kata penyambutan ataupun kata sambutan, merupakan salah satu bagian dari urut - urutan sebuah kegiatan baik adat atau resmi kedinasan dalam tradisi jawa.

Contoh Naskah Pidato Sambutan Bahasa Jawa Atau Atur Pambagyaharja Resepsi Pernikahan


Atur pambagya merupakan sambutan yang secara khusus disediakan kepada beliau yang dihormati atau dituakan (sesepuh) jika dalam adat jawa. 

Jika kegiatan berupa sebuah resepsi pernikahan misalnya, maka atur pambagya ini memiliki makna kata sambutan dari tuan rumah kepada para tamu undangan.

Secara ringkas atur pambagya meliputi hal sebagai berikut :
1. Ucapan selamat datang.
2. Ucapan terima kasih kepada tamu undangan.
3. Menyampaikan maksud serta menjelaskan secara singkat acara.
4. Ucapan do'a secara umum.

Dan bagi yang memerlukan contoh naskah sambutan bahasa jawa atau atur pambagyaharja dapat mengunduhnya pada link yang saya sertakan diakhir halaman ini.


ATUR PAMBAGYAHARJA

Assalamu’alaikum wr wb
Alhamdulillahirobbil’alamin washolatu wasalamu ‘ala asrofil anbiya-i walmursalin  wa’ala alihi washohbihi ajma’in. Amaba’du.

Katur dhumateng panjenenganipun para pinisepuh, para sesepuh ingkang satuhu kula bektosi.
Katur dhumateng panjenenganipun para rawuh, para tamu kakung saha putri ingkang satuhu kula hormati.
Sumrambahipun  dhumateng para kadang sutresna wredha- mudha ingkang pantes sinudarsana.

Sakderengipun  ngaturaken sewu agunging pangaksama,  kula kapeksa ngadeg cumantaka
marak mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan sedaya ingkang nembe eco wawan pangandikan, saperlu hamestuti keparengipun ingkang hamengku gati , kula piniji minangka talanging basa,  kinen hangaturaken menggah wosing gati wonten pahargyan dalu kalenggahan punika. Inggih hawit kabekta saking raos bombong birawaning manah karana nampi sih kadarman panjenengan sedaya ingkang sampun kepareng rawuh, panjenenganipun Bapa ..............................................sekaliyan ibu, boten kadumugen matur piyambak wonten ngarsa panjenengan  sedaya, pramila lajeng hanyaraya dhumateng kula.

Para rawuh para tamu ingkang kula hormati,
Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken, kita sareng-sareng ngunjukaken  raos puji syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT, ingkang sampun paring berkah saha hidayah, sahingga kita saget kempal manunggal wonten madyaning pahargyan punika kanthi pinaringan rahayu, wilujeng boten wonten kekirangan satunggal punapa.

Salajengipun ingkang sepisan, panjenenganipun Bapa........................sekaliyan ibu , ngambali atur,  ngaturaken wilujeng rawuh dhumateng para rawuh, para tamu samudayanipun, ugi ngaturaken agenging panuwun ingkang tanpa pepindhan menggah kerawuhan panjenengan sedaya. Dhumateng para rawuh, para tamu samudayanipun keparenga hanglajengaken lelenggahan kanthi mardikaning manah dumugi paripurnaning pahargyan wonten dalu kalenggahan punika.

Angka kalih,  menggah wosing gati gatining sedya, kados ingkang sampun kacetho lumantar serat sedhahan punapa dene jawilan, panjenenganipun Bapa ..........................sekaliyan ibu netepi darmaning sepuh, ngentas pitulus putra putrinipun ingkang asesilih Rr. .....................
jinatu  krama kaliyan Bg. ................................... putra Bapa......................................................
sekaliyan Ibu......................................... ingkang pidalem wonten Dk........................................
Ds. ...................................................Kec. ...................................................
Wondene tata adicara  ijab qobul saha dhaup panggihing calon putra temanten sekaliyan  badhe katindakaken benjang wonten  dinten  Minggu  Legi, surya kaping 26 Januari 2020,  titi laksana ijab qobul wanci tabuh 08.00,  kalajengaken dhaup panggihipun putra temanten sekaliyan wanci tabuh 10.00, mapan wonten dalem pahargyan ngriki Dk. .........................  Ds. ..............., Kec. ........., Ingkang punika panjenenganipun Bapa/Ibu ............................... mawantu-wantu nyuwun tambahing donga pangestu panjenengan sedaya, mugi-mugi tumapaking gati Allah SWT tansah hamberkahi, satemah saget dadosaken calon putra temanten sekaliyan anggenipun malebet wonten madyaning bebrayan agung tansah pinaringan guyup rukun, atut runtut kadya mimi lan mintuna dumugi kaken-kaken lan ninen-ninen, sageta mangun kulawarga ingkang sakinah, mawadah, warohmah. Aamiin.

Angka tiga, boten kekilpan panjenenganipun Bapa................................ sekaliyan ibu ngaturaken agenging panuwun dhumateng para sanak kadang, pawong mitra, tangga tepalih, ugii dhumateng para rawuh, para tamu sedayanipun, ingkang sampun kepareng paring pambiyantu awujud punapa kemawon, ingkang saestu saget hangenthengaken sesanggeman. Panjenenganipun  Bapa/Ibu ..............................................boten saget caos piwales punapa-punapa sagetipun namung nyenyuwun dhumateng ngarsanipun Allah SWT mugi-mugi sih kadarman panjenengan sedaya pikantuk  leliru ingkang sakalangkung kathah  saking Allah SWT. Aamiin.

Para rawuh, para tamu ingkang winantu sagunging pakormatan,
Ingkang angka sekawan, sanajan pahargyan punika  tebih sampun rinancang, rinacik kanthi sae, ewa semantern tasih kakhah kekiranganipun. Semanten ugi   mbok bilih wonten kuciwaning bujokrami anggenipun para hamong rawuh anggenipun nampi kerawuhan panjenengan sedaya, atur pasugatan saha palenggahan ingkang kirang nuju prana, semanten ugi para muda taruna mbok bilih anggenipun caos leladi wonten kiranging suba sita saha tata krama. Ingkang punika sepisan malih panjenenganipun Bp/Ibu ............................................................nyuwun agunging pangaksama.

Ingkang wekasan lumantar kula panjenenganipun Bp/Ibu ........................................................
ngaturi keparenga para rawuh, para tamu sedayanipun ngrahapi saha ngambali daharan saha unjukan ingkang sampun katur wonten ngarsa panjenengan sami, sinambi nglajengaken lelenggahan kanthi mardikaning penggalih. 

Semanten atur kula minangka sulih sarira saking ingkang hamengku gati. Kathah atur kula ingkang ngelantur lantur saha kirang nuju prana, kula tansah mawantu-wantu nyuwun lumunturing sih samodra pangaksama. 

Wassalamu’alaikum wr wb. 
Nuwun, maturnuwun

Demikian Contoh Naskah Pidato Sambutan Bahasa Jawa Atau Atur Pambagyaharja Resepsi Pernikahan yang bisa saya sampaikan, semoga bermanfaat.

Link unduhan file Contoh Naskah Pidato Sambutan Bahasa Jawa Atau Atur Pambagyaharja Resepsi Pernikahan berada di sini : Download Naskah Atur Pambagyaharja

Subscribe to receive free email updates: