Contoh Pidato Pambiwara Maos Lampahing Tatacara Ngunduh Mantu Utawa Manten

 PAMBIWARA MAOS LAMPAHING TATACARA NGUNDUH MANTU


Assalamu’alaikum Wr Wb.

Marsudi ing reh budaya karana luhuring budaya dadya ukuraning jiwa jawi.

Para pri agung, Para alim ulama, Para sesepuh saha para pini sepuh ingkang tuhu kulo bekteni,sarta ingkang sinuyudan dening para bebrayan.

Para tamu kakung miwah putri ingkang winantu ing pakurmatan,sumrambahipun para kadang sutresna pametri budaya adiluhung,langkung-langkung bebrayan agung ing Dusun Kedungjeruk ngriki ,ingkang winengku ing karahayon.

Saksampunipun panjenengan sedaya lan kula  sami pinanggih wilujeng,sumangga sami sesarengan munjukaken raos syukur ing  ngarsa dalem Allah SWT,hawit nugraha ingkang sampun dipun paringaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula,satemah saget mbabar swasana tentrem lahir lan batin,katitik wonten ing pahargyan siyang menika panjenengan sedaya lan kula saged manunggal,kanthi wilujeng nir ing sambekala.

Para tamu kakung saha putri ingkang luhuring budi,wonten ing dinten pinilih Sabtu wage surya kaping 25 september warsa 2021 Masehi, Bapa Sutarno sekaliyan badhe Ngunduh panganten Putra penganten Bg....................................ingkang sampun hanjatukrami Putri Retnaning Ayu........................................Putri turunipun Bapa............................................ingkang pidalem ing Dusun.................................................... 

Para tamu kakung putri ingkang luhuring budi,panjurung donga pamuji sarta pangestu panjenengan sedaya ingkang dipunsuwun, mugi lampahing tatacara upacara wiwitan, tengahan, lan pungkasan, saged kalampahan kanthi wilujeng ning ing sambekala.

Tumuli kula minangka pambiwara,kaparengna kula badhe maosaken pratelan sarta mbiwarakaken lampah lampahipun pahargyan ing siyang menika.

Para tamu kakung sarta putri ingkang winantu ing suka basuki.

Salajenipun badhe kula waosaken urut reroncening tata cara pahargyan ing siyang menika.

Ingkang sepisan pangandika pasrah saking kulawarga pengaten Putri

Ingkang kaping kalih pangandika panampi pasrah saking panganten kakung

Ingkang kaping tiga Atur pambagya harja miwah atur panuwun ambalan.

Ingkang kaping sekawan panutup utawi Purnaning pahargyan ing siyang menika

Para tamu kakung putri,mekaten saha semanten lampahing tatacara upacara pahargyan ing siyang menika.

Salajengipun kula ngaturaken wilujeng siyang saha wilujeng lelenggahan ngantos dumugi purnaning pahargyan ing siyang menika, nuwun.

Contoh Pidato Pambiwara Maos Lampahing Tatacara Ngunduh Mantu


Para tamu kakung putri ingkang winantu ing suka basuki

Kula jejering pambiwara sampun pikantuk sasmita saking pangarsaning pahargyan bilih tatacara pahargyan penganten sekaliyan, nedya kapurwakan.

Ingkang sepisan Pangandika pasrah saking kulawarga pengaten putri Nuwun inggih Bapa......................

Katur dhumateng paraga ingkang piniji, pasrah miwah panampi,hambok bilih sampun samapta ing samudayanipun,sasana miwah pirantos gora swara kula aturaken,sumangga.


Wus purna pangandika pasrah saking panganten putri. Salajengipun 

Ingkang kaping kalih pangandika panampi pasrah saking penganten kakung Nuwun inggih, Bapa....................................Sumangga.

Wus purna pangandika panampi pasrah saking kulawarga penganten kakung.

Salajengipun para tamu dipun suwun lelenggahan kanthi mardikaning panggalih.

Katur dhumateng paraga pangripta swara kaparenga ngaturaken gending-gending ingkang jumbuh  kalian swasana sumangga. [ gending ]

Para tamu kakung putri ingkang luhuring budi, salajengipun.

Ingkang kaping tiga atur pambagya harja miwah atur panuwun ambalan, Nuwun inggih Bapa Maryanto minangka panggarsa wonten ing pamarintahan Desa kedungjeruk, sumangga.

Wus purna atur pambgya harja salajengipun para tamu kasuwun lenggah kanthi mardikaning panggalih ngantos dumugi purnaning pahargyan ing siyang menika,nuwun. [ gending ]

Para tamu kakung putri ingkang winantu ing pakurmatan salajengipun 

Ingkang kaping tiga panutup utawi purnaning pahargyan ing siyang menika.

Kula minangka pambiwara sampun pikantuk sasmita  saking pangangarsaning pahargyan,bilih pahargyan ing siyang menika sampun tuntas ing sadayanipun.tumuli ngadani tatacara panutup purnaning pahargyan.

Wondene ingkang kasuwun mbedol penganten sekaliyan saking palenggahan tumuju ing sangajenging  wisma pahargyan nuwun inggih Bapa / Ibu .....................

Kula minangka pambiwara nglenggana lan kepara ndadha ing reh kalepatan,inkang menika kula nyuwun agunging pangaksama, Pungkasaning atur nderekaken wilujeng kondur mugya tansah manggih yuwana. Ing wasana sinawung humiring sesanti “Sura sudira jayaning kang rat swuh brastha tekabing ulah damastuti” Mugi rahayu ingkang sami pinanggih. Wassalamu’alaikum Wr.Wb.

Nuwun matur nuwun.


Demikian contoh pidato Pambiwara Maos Lampahing Tatacara Ngunduh Mantu


Subscribe to receive free email updates: